Selasa, 23 Juni 2009

Demo Anti Korupsi

Kemarin siang, Cak Su mengajak sahabatnya Cak Man ke Pengadilan Negeri Surabaya.
“Onok opo tho, Cak?” tanya cak Man.

“Iki lho, deloken dewe thooo….!” Kata Cak Su memperlihatkan suasana Pengadilan Negeri yang berbeda dari hari-hari biasanya.
Saat itu, Pengadilan Negeri Surabaya didatangi ratusan massa yang mengatas namakan Kelompok Peduli Hukum dan Anti Korupsi White Collar Crime.

“Wuiiddiiihhhh….. tumun iki aku ndelok onok wong cilik sing peduli ambek korupsi yo, Cak!” kata Cak Man.

“Asline yo kudu ngene. Ket saiki kudu teko awal dikeki pembelajaran mengenai hukum. Khususe pemberantasan korupsi, Man. Dadi kabeh ben isok ndelok, endi sing perilaku sak bendinone lek ketemon soal korupsi opo soal penipuan. Soale kadang wong cilik iku rawan ditipu ambek wong-wong gedhe ngono,” jelas Cak Su.

“Trus iki masalahe opo?”

“Opone?”
“Yo iki, sidang opo kok sampek onok demo-demo ngene?!” lanjut cak Man.

“Oalaahhh… iki terkait sidange nasabah sing melok ndekek dhuwik nang Bank Century. Iku, sing ngemplang dhuwike rakyat meh miliaran rupiah. Sakno, iki wong cilik… petani tambak, malah dibujuki! Masya Allahhh… cik tegoe kadang!” jelas Cak Su.

“Lak akeh, Cak…!! Kasus koyok ngene sing nimpa wong cilik!”

“Mangkane Man… iki ben penegak hukum iku isok berpikir terbuka….! Ojok mek ngurusi awake dewe, demi jabatan lan gengsi dadi penegak hukum. Lak awakmu eruh dewe, penegak hukum iku kudu adil. Jenenge ae penegak keadilan, dadi yo ndelok kabehe kudu rong sisi. Ojok sak sisi ae, trus mergo onok kepentingan, dadine UUD sing diberlakukno!” ucap Cak Su, panjang lebar.

“Lhaaa.. lak apik tho lek teko UUD isok diberlakukno! Teko UUD 1945. Iku lek aku dadi rakyat Indonesia sing apik yo bakal tak terapno,” jawab Cak Man.

“Waaallaaahhhh, Man! Dudhuk iku sing tak maksud. Lek iku yo aku setuju, malah lek isok negara iki kudu dibalekno nang fondasi dasar UUD 1945. Tapi sing tak maksud UUD iki bedho,” tukasnya.

“Trus opo?”
“Iku, Ujung-Ujunge Dhuwik! Mangkane rakyat gak kepengin lek penegak hukum sampek nerapno UUD. Bakal dadi opo Indonesia iki,” kata Cak Su.(Raditya Khadaffi)

Dimuat di Harian Surabaya Pagi edisi Selasa, 23 Juni 2009.


[ aksi demo yang digelar oleh Pemuda Pancasila Surabaya ]


[ tersangka Lila, Direktur Marketing Bank Century ]
Foto-foto: SMG/Tovan Bram

Tidak ada komentar:

Posting Komentar